TS
pakzzii
¤* [FORSUP Reg. Bromo] Supranatural , Spiritual & Budaya Regional BROMO *¤
![¤* [FORSUP Reg. Bromo] Supranatural , Spiritual & Budaya Regional BROMO *¤](https://s.kaskus.id/images/2014/03/22/5577710_20140322072512.jpg)
Dengan kerendahan hati Izinkan saya membuka thread forsup reg bromo

![¤* [FORSUP Reg. Bromo] Supranatural , Spiritual & Budaya Regional BROMO *¤](https://s.kaskus.id/images/2014/02/24/5577710_20140224030700.gif)
Quote:

Tujuan Thread ini adalah untuk sebagai ajang sharing tentang semua hal berkaitan dengan dunia Supranatural , Spiritual maupun Budaya dan untuk bersilahturahmi menjalin keakraban terhadap sesama warga Regional Bromo ini khususnya


![¤* [FORSUP Reg. Bromo] Supranatural , Spiritual & Budaya Regional BROMO *¤](https://s.kaskus.id/images/2013/09/30/5577710_20130930081056.jpg)
Spoiler for Pengertian:
Apabila ada yg ingin sharing atau mengenal jauh tentang dunia Supranatural mari kita diskusikan di thread ini, atau yg ingin terawang teriwing jg boleh,sapa tau ada yg bantuin

Quote:
UPDATE
Spoiler for update:
Mari semuanya
Quote:
Diubah oleh pakzzii 26-03-2014 08:09
deiro70 dan nona212 memberi reputasi
0
352.1K
10K
Thread Digembok
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
Bromo
385Thread•282Anggota
Tampilkan semua post
balaprabu
#1805
cerito wit kelopo, ono sing kliwatan

onok sing kliwatan durung dibahas seko wit kelopo. salah sijine bagian wit kelopo sing iso digawe dek supranatural iku yo godonge. seko godonge klopo nek di buwak godonge kan iso dadi biting/sodo. sodo iki ternyata gede perbawane.
biasae sodo mau yo digawe macem macem. mulai digawe sapu. jenenge sapu korek nek jarene wong biyen. sampe iso digawe cucuke gawe nutup panganan sing gawe wadah godong godongan. celukane biting biasae. koyo nek sampeyan tuku daging nang pasar biyen bungkuse kan godong jati. ben ga mabar mabar mergo biyen durung usum karet di pincuki terus di tutup ambek biting mau. nek ga teko sodo yo teko pring diektoki cilik cilik
nah fungsi suprane sodo iki iso ditelusuri nang fungsine sapu korek mau. sapu korek nek sering digawe suwe suwe bakalan entek. tambah kotor lan tambah endek. nah sapu sing wes ngene iki jenenge sapu gerang. sapu iki dipercoyo kenek gawe ngusir demit. jarena demit paling wedi nek disabet ambek sapu gerang. mulakno iku kadang sapu gerang digawe sarat gawe njogo seko gangguane demit.
salah sijine pusoko ampuh jare yo onok seko sodo. jenenge sodo lanang jare. sodo sing jare bedo dewe ambek sodo sodo liyane. mbuh aku lali maksude bedo dewe iki opo. opo berkibar dewekan pas onok angin ta yok opo. jare koncoku dewe tau entuk sodo lanang. bentuke koyo pring dowo jare. tapi mergo disurupi macan koncone terus onok tabrakan dek daerah kono, ahire sodo lanange dibalekno malneh ben ga onok blai.
aku dewe ga weroh wujude sodo lanang iku yok opo....
oke wes sakmene ae, lanjutane bahas wit klopo sing wingi aku ternyata kliwatan. mugi mugi enten manfaate

.
Diubah oleh balaprabu 03-03-2014 18:12
0
mau kasih judul apaan 

