TS
pakzzii
¤* [FORSUP Reg. Bromo] Supranatural , Spiritual & Budaya Regional BROMO *¤
![¤* [FORSUP Reg. Bromo] Supranatural , Spiritual & Budaya Regional BROMO *¤](https://s.kaskus.id/images/2014/03/22/5577710_20140322072512.jpg)
Dengan kerendahan hati Izinkan saya membuka thread forsup reg bromo

![¤* [FORSUP Reg. Bromo] Supranatural , Spiritual & Budaya Regional BROMO *¤](https://s.kaskus.id/images/2014/02/24/5577710_20140224030700.gif)
Quote:

Tujuan Thread ini adalah untuk sebagai ajang sharing tentang semua hal berkaitan dengan dunia Supranatural , Spiritual maupun Budaya dan untuk bersilahturahmi menjalin keakraban terhadap sesama warga Regional Bromo ini khususnya


![¤* [FORSUP Reg. Bromo] Supranatural , Spiritual & Budaya Regional BROMO *¤](https://s.kaskus.id/images/2013/09/30/5577710_20130930081056.jpg)
Spoiler for Pengertian:
Apabila ada yg ingin sharing atau mengenal jauh tentang dunia Supranatural mari kita diskusikan di thread ini, atau yg ingin terawang teriwing jg boleh,sapa tau ada yg bantuin

Quote:
UPDATE
Spoiler for update:
Mari semuanya
Quote:
Diubah oleh pakzzii 26-03-2014 08:09
deiro70 dan nona212 memberi reputasi
0
351.2K
10K
Thread Digembok
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
Bromo
385Thread•282Anggota
Tampilkan semua post
balaprabu
#1708
cerita mistis 5

ulo kerlap kerlap
nah saiki cerito maneh seko kuburan mancilan. ga mek kuburan mancilan seh, aku yo tau krungu iki kedadean dek kuburan bugul legi. ancene cerito mistis nek urusane ambek kuburan iku onok ae. salah sijine yo sing arep tak ceritakno iki. fenomena metune ulo sing disebut ulo kerlap kerlap utowo ulo sing iso murup nek jare wong biyen. senengane metune dino jumat legi neng kuburan kuburan.
mbahku biyen cerito nek tau dijak buyut jamane sik cilik pas bengi liwat ngarepe kuburan mancilan. nah jarene jaman samono iku nek bengi iku sek peteng jumpet. ambekne yo sek sering onok penampakan sing ga biasa seko kuburan mancilan. penampakae sing yok opo? dadi wujude ketok koyo onok sing nyabrang dalan.
opo kiro kiro sing nyabrang dalan?jarene wujude ulo. tapi nek jare mbahku, ulone iku iso kerlap kerlap ngono. aku dewe ga pati ngerti maksude kerlap kerlap iki yok opo. opo modele koyo ulo seko geni ngono ta. opo wujude koyo ulo seko berlian. aku dewe ga pati ngerti lha mek diceritakno tok.
pokoke jare wujude ulo gede tapi iso murup. ngono jare mbahku. sakancen nang daerah mancilan terkenal jare ono guone untung suropati sing dipecoyo ono ulo gedene neng kono. jarene seh ngono. tapi ternyata fenomena iki ga mek dek kuburan mancilan. aku dewe dicritani wong becakan.
dadi aku pas iku mole seko bangilan nang umah, numpak becak. wong cerito dowo. nek mulai tahun 80 an wes pindah nang pasuruan seko suroboyo. deweke manggen ngarepe kuburan bugul legi. deweke crito akeh sundel bolonge. ambek nek malem jumat legi sering ketok wujude ulo mromong kerlap kerlap. nyabrang dalan teko kuburan bugul legi kono.
jarene wong becakan, kemungkinan iku penunggune. ngono jarene ceritone. fenomena ulo iki yo jare tau ketok dek lecari. jaman biyen lecari akeh kuburan kuno. sing saiki wes digawe umah. jarene saking kunoe ga weruh iku kuburane sopo. mangkane pas digawe umah ga onok sing protes, mergo ga ono ing weroh iku kuburane sopo.
sakdurunge digawe umah iku jare kerep ketok ulo gede nek malam jumat legi. jare wong biyen iku wujude pusoko. sing bekne onok dik daerah kono. akeh sing ngomong nek wujud ulo iku wujude pusoko sing rupo keris utowo tumbak. onok wong deso tapaan muni nek bengi dik tambak cedek daerah kepel kono ketok ulo murup dowo. jare iku ngono pasangane sing duwe tambak ben tambake ga di colong. wujud asline kemungkinane tumbak. ngono jare wong tapaan.
dadi legenda ulo kerlap kerlap mromong sing nyabrang dalan ben malam jumat iku wes akeh sing nyakseni. ancene akeh sing delok dewe jaman sakmono. opoko saiki wes ga tau ketok?yo mbuh ga kenek diprediksi. bekne ancene wes jamane kemajuan dadi goibe wes ga pati duduhno maneh koyo jaman biyen?. kabeh iku ahire tetep dadi misteri......
0

mau kasih judul apaan 

