TS
pakzzii
¤* [FORSUP Reg. Bromo] Supranatural , Spiritual & Budaya Regional BROMO *¤
![¤* [FORSUP Reg. Bromo] Supranatural , Spiritual & Budaya Regional BROMO *¤](https://s.kaskus.id/images/2014/03/22/5577710_20140322072512.jpg)
Dengan kerendahan hati Izinkan saya membuka thread forsup reg bromo

![¤* [FORSUP Reg. Bromo] Supranatural , Spiritual & Budaya Regional BROMO *¤](https://s.kaskus.id/images/2014/02/24/5577710_20140224030700.gif)
Quote:

Tujuan Thread ini adalah untuk sebagai ajang sharing tentang semua hal berkaitan dengan dunia Supranatural , Spiritual maupun Budaya dan untuk bersilahturahmi menjalin keakraban terhadap sesama warga Regional Bromo ini khususnya


![¤* [FORSUP Reg. Bromo] Supranatural , Spiritual & Budaya Regional BROMO *¤](https://s.kaskus.id/images/2013/09/30/5577710_20130930081056.jpg)
Spoiler for Pengertian:
Apabila ada yg ingin sharing atau mengenal jauh tentang dunia Supranatural mari kita diskusikan di thread ini, atau yg ingin terawang teriwing jg boleh,sapa tau ada yg bantuin

Quote:
UPDATE
Spoiler for update:
Mari semuanya
Quote:
Diubah oleh pakzzii 26-03-2014 08:09
deiro70 dan nona212 memberi reputasi
0
351.2K
10K
Thread Digembok
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
Bromo
385Thread•282Anggota
Tampilkan semua post
balaprabu
#1269

nek ngomongno sedulur papat ga iso ucul soko sing jenenge proses laire lan dadine manungso. ngelengno nek manungso iku asale soko bapak ambek mek e dewe dewe. sing iso dadi mergo onone ritual kimpoi. seko iku muncul jabang bayi, sing pas lairane di peloki ambek sedulure dewe dewe sing aran marmati, kakang kawah, adi ari ari, getih, lan puser. sing diarani dadi pamomonge saben sabene manungso.
sing paling sering ritual kimpoi mau di wujudno gawe simbol. yen neng hindu wujude lingga yoni sing manggon biasane ono njerone candi. nandakno nek proses kimpoi iku sakral. lan iso dipadakno karo poro dewo dewi kang tansah paring kesuburan dumateng manungso. lingga iku nggambarno barange wong lanang. yoni iku gambarno barange wong wedok. ketemu dadi siji wujude ritual kimpoi iku mau.
mulo wes melbu agomo islam, poro wali ugo gawe coro sing iso nerusno pemahaman sakdurunge. liwat sing jenenge jenang abang. jenang abang iki biasane seko rong jenis jenang. jenang sing rupone abang lan jenang sing rupone putih. iki ngono prinsipe podo ambek prinsipe lingga yoni mau. gambarno yok opo ritual kimpoi iku mau liwat simbol panganan.
jenang werno abang gambarno getihe bapak, lan jenang putih gambarno manine ibu. jenang abang lan putih digabungno gambarno rituale kimpoi wong lanang lan wong wadon sing iso marakno lahire awak dewe. podo ambek lingga yoni, jenang abang iki sering dipelokno neng jerone ritual. utamane ritual jaluk keslametan lan kelahiran. istilahe nylameti jabang bayine.....sing lahir soko margi suci, ketemune getohe bapak lan manine ibu ono sakjerone ritual kimpoi.
neng yo ono sing muni nek jenang abang iku yo iso dimaknai gugure sayidina hasan husein. putune kanjeng nabi muhamad. kabeh iku sah sah wae, seng penting yo isih gelem ngelakonine. dadi yo wes sakarepan arep gawe arti seng endi.
Diubah oleh balaprabu 25-02-2014 06:56
0

mau kasih judul apaan 

