Pengaturan

Gambar

Lainnya

Tentang KASKUS

Pusat Bantuan

Hubungi Kami

KASKUS Plus

© 2024 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved

alexfernando88Avatar border
TS
alexfernando88
SEJARAH ASAL USUL DESA NUNUK LAN KI BUYUT TAMBAK
SEJARAH ASAL USUL DESA NUNUK LAN KI BUYUT TAMBAK

SEJARAH ASAL USUL DESA NUNUK LAN KI BUYUT TAMBAK
INDRAMAYU

Bengen lawas jamane, atusan taun kang wis kepungkur tepate ning PECANTILAN SUMUR GEDE, sapa kang manggon ning pecantilan iku ora salah yaiku Ki Gendeng Sumur Gede arane
lan ndueni anak wadon Ayu Rupane sing arane Nyi Mas Nuriyah, saking ayune akeh wong lanang sing pengen dadi lakine, nanging ora gampang nundukaken atine Nyi Mas Nuriyah yen ilmune wong lanang mau ora sebanding karo ilmune dweke, sebab Nyi Mas Nuriyah wong wadon kang sakti mandraguna ora tedas tapak palune pande totosan bejana kulit kikirane gurinda, linuwih pinunjul ilmu.
Sejen waktu Ki Gendeng Sumur Gede nganakaken sayembara, “sapa - sapa sing bisa ngalahaken anake isun (Nyi Mas Nuriyah) kuwen kang bakal dadi lakine”. sewise pengumuman sayembara mau akeh wong lanang sing pada pengen nyoba kesaktiane Nyi Mas Nuriyah, tapi durung ana sing bisa ngalahaken.

Singkat critane, jare wong kanda kulepat bawane kilat selenting bawane kuping, sayembara mau sampe krungu ning kupinge RadenPuronegoro (duta kesultanan sing crebon), lan melu sayembara, sing akhiri tanding jurit anatara Nyi Mas Nuriyah kelawan Raden Puronegoro ora bisa dihindaraken pada saktine lan pada digjayane, sue-suene karna ilmune Raden Puronegoro luwih unggul
lambat laun selendang lan klambine Nyi Mas Nuriyah ketarik, kedodoran sampe katon kuene (ora disebutaken gah ngerti dewek)
Karna Nyi Mas Nuriyah merasa isin lan wirang sampe selendang lan busanane wis ora nempel ning badane, jare wong sing nonton sayembarane “NUNUKane katon.... NUNUKane katon... NUNUKane katon”.
(Nonoke katon) isin wirange Nyi Mas Nuriyah sampe mlayu nemuni Gurune Kiai Sangkan.
Setekane Raden Puronegoro ning adepane Kiai Sangkan, jare Kiai Sangkane “ tentune Raden wis ngerti konsekuensine, yen gawe aib lan ngemek langsung sing dudu muhrime pada karone zina, dirajam sampe mati sebagai ganti hukumane”
maklum syareat islam pada waktu kuwen bener bener kanggo panutan.
Akhire Raden Puronegoro, amuja semedi marang Gusti Yang Murbeng Dumadi kelawan sedakep sinuku tunggal, sedakep tangane sinuku sikile tunggal dadi sewiji, mengheningkan cipta, rasa lan karsane pada Sang Pencipta, pasrah jiwa lan raga sebagai penebus dosa, ditutup sekabeh
amalan uripe karo kalimat thayyibah “laa ilaaha illallaah”, akhir riwayat Raden Puronegoro, ruh e metu sing ragane sebagai konsekuensi prasetia sebagai kesatria.
Telung dina sewise kejadian mau, udan gede angin puting beliung mengguyur Pecantilan Sumur Gede, lan ora ana sing ngira
Pecantilan Sumur Gede mau sampe kerendem banjir, sewise udane reda kedeleng jasad kang NAMBAK ning saluran banyu,
sewise dideleng jasad mau ora salah yaiku Raden Puronegoro, mungkin karna kubure mbleduk ragane kenyut lan nambak ning saluran banyu mau. akhire jasad Raden Poronegoro dikubur maning.
Lawas puluhan tahun jamane Pecantilan Sumur Gede berubah aran dadi PEDUKUHAN NUNUK (sekien Desa NUNUK)
lan kuburan Raden Puronegoro diarani KI BUYUT TAMBAK.
Catatan :
Sampe sekien peninggalan Ki Ageng Sumur Gede, masih ana yaiku berupa SITUS SUMUR GEDE,,tepate ning Blok Kulon, uga keturunane Nyi Mas Nuriyah,,Seblah Lor e Makam Ki Buyut Tambak,, setiap gal taun selalu diadakan Unjungan ning tempat kuwen
emoticon-Cendol Ganemoticon-Cendol Gan

SEJARAH ASAL USUL DESA NUNUK LAN KI BUYUT TAMBAK

SEJARAH ASAL USUL DESA NUNUK LAN KI BUYUT TAMBAK

emoticon-2 Jempolemoticon-2 Jempolemoticon-2 Jempolemoticon-2 Jempol

Jangan lupa cendolnya agan/Sista 
emoticon-Cendol Gan

Daan Jangan Lupa Juga ☆☆☆☆☆
emoticon-Rate 5 Star

 
#WongReang

emoticon-Nyepi

SEJARAH ASAL USUL DESA NUNUK LAN KI BUYUT TAMBAK

Diubah oleh alexfernando88 26-01-2020 10:12
081289544443
dellesology
kernobk
kernobk dan 4 lainnya memberi reputasi
5
3.5K
3
GuestAvatar border
Komentar yang asik ya
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
Sejarah & Xenology
Sejarah & XenologyKASKUS Official
6.5KThread10.6KAnggota
Urutkan
Terlama
GuestAvatar border
Komentar yang asik ya
Ikuti KASKUS di
© 2023 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved.