Pengaturan

Gambar

Lainnya

Tentang KASKUS

Pusat Bantuan

Hubungi Kami

KASKUS Plus

© 2024 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved

dalledalmintoAvatar border
TS
dalledalminto
DIBONCENGI ARWAH

(ilustrasi: banksinarmas.com)

Cerkak, cerita cekak adalah cerita pendek tetapi dalam bahasa jawa

Diboncengi Arwah
.
Dening: Dalle Dalminto
.
Ojek online, salah satunggaling parkayan golek rejeki sing ora sethithik hasile. Kang bisa nyukupi kebutuhane wong omah-omah. Kaya ta, kanggo ngragati sekolah, lan sak piturute. Amung paitan motor lan hape android banjur download aplikasi ojek online.

Kayadene kang ditindhakake Bayu. Wis ana telung taunan, dheweke dadi ojek online ing sakkiwo tengenne kampus. Ojek online asring paring pambiyantu para mahasiswa sing saka luar kutha, ngeterake ana ngendi wae sakudhenge kampus.

"Bim, ayo sarapan dhisik, mumpung durung ana orderan, ta?" pangajake Bayu marang Bimo sing padha-padha dadi tukang ojek ing sekitaran kampus.
"Hiya, ayo ...! Apike nandi le golek mangan?" wangsulane Bimo sinambi nglempet koran sik bar diwaca.

"Ya, neng lengganane awake dhewe ta, ya! Gone warunge Bu Parmi!"

"Ngawur kowe ki, Bay. Bu Parmi ki wis ora ana."

"Ora ana piye, ta?" Bayu malah ganti takon. Iseh ora mudheng apa sing dimaksutake Bimo, "wis ora dodol meneh pa, piye?"

"Bu Parmi ki wis seda, dek wingenane sore."

"Seda ..., mosok ta? Aku wingi ki bar ngeterke Bu Parmi menyang Kaliurang, neng Villa Kamboja.

Krupungu tetembungane Bimo kaya mengkana. Bayu mung kamitenggengen, pikirane nggeblas mlayu ing kedadeyan wingi sore.

"Bu Parmi, kadhingaren nyahmenten sampun tutup. Kelarisan napa, nggih?" pitakonne Bayu marang Bu Parmi sing lagi ngadeg njegeger ing ngarep warunge. Praupane wong meh setengah umur iku sajak bingung. Mripate kembeng-kembeng kaya bar nyuntak banyu luh sing ora uwis-uwis.

"Oh, Dik Bayu, mbok aku ditulungi, diterke menyang Kaliurang. Mengko ongkose dakluwihi, gelem ta, Dik?" pamundhute Bu Parmi rada groyok.

"Arep ngapa neng Kaliurang, Bu? Saiki lagi ungsum mbediding, iso koplok mengko tekan kono," wangsulanne Bayu rada kabotan amerga bakal mboncengke wong lemu. Apa maneh dalan arah Kaliurang rada munggah.

"Wis ta, rasah kakehan ukara. Aku terno neng Kaliurang ing Villa Kamboja. Aku krungu kabar yen bojoku lagi sesidheman selingkuh ing kono. Ayo, ta, cepet!" pengucape Bu Parmi setengah meksa.

Merga ora bisa wangsulan maneh, gelem ora gelem, iklas ora iklas, Bayu nuruti apa sing dadi panjaluke Bu Parmi. Bayu mboncengke Bu Parmi nggeblas ngalor tumuju Kaliurang.
Ora patia adoh jarake kampus karo Kaliurang. Udhakara telung puluh menit, Bayu kasil ngeterke Bu Parmi tekan villa Kamboja.

Katon villa kang apik, resik, dicet werna njambon, akeh maneka kembang gawe indhah sakngarepe teras villa. Uga ana lampu taman bundher gedhe cacah loro ing kiwo tengen teras.

"Sampun dugi, Bu. Leres menika ta, villa Kamboja?" pitakonne Bayu sakwise ngendhegake motore ing sakngarepe regol villa.

"Hiya, Dik Bayu. Bener iki villa Kamboja," Bu Parmi nudhingi papan nama sik ana sandhing regol, "matur nuwun wis gelem ngeterke aku. Saiki ndang balia, mengko ndak saya kewengen," guneme Bu Parmi.

"Lhaaa, mangke wangsule panjenengan pripun, Bu?" pitakonne Bayu rada kuwatir.

"Ealah, gampang. Aja kuwatir, mengko dakngojek meneh," rembuge Bu Parmi yakinake Bayu.

"Oh, yen mengkono, kula dakwangsul, nggih!'

Bayu muter motore, lan sak banjure ninggalake Bu Parmi ing ngarep regol villa Kamboja.

"Lho, malah ngalamun. Sido ora olehe golek sarapan."
Bimo nuthuk pundhake Bayu nganggo linthingan koran sing malah ngalamun.

"Bener ta, Bu Parmi, wis seda, Bim? Bayu iseh ora percaya apa sing dikhandakke kanca ngojek iku.
"Wingi sore ki, aku bar ngojek aku, kon ngeterke menyang Kaliurang," kandhane Bayu sing iseh dhuweni rasa maido.

"Bener. Nyoh, iki wacanen!"
Bimo ngulungake koran sing bar dinggo nuthuk mau. Bayu nampani lan gage-gage mbukak koran iku. Cetha wela-wela ing ngarep koran iku ditulis;

'Memergoki suaminya selingkuh di villa, Parmiyatun tewas kena serangan jantung'

"Lah ... lah ..., terus sik dakboncengke wingi sapa, Bim?"

"Arwahe, paling. Yo, gek golek sarapan!"

Bimo ngeslah motore disusul Bayu menyang warung makan sak cedhake kampus.

--Cunthel--
Bantul, 2019
Gambar google: villa serem
Diubah oleh dalledalminto 12-01-2020 06:25
g3nk_24
fiaperm
darmawati040
darmawati040 dan 18 lainnya memberi reputasi
17
4.2K
68
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
Stories from the Heart
Stories from the HeartKASKUS Official
31.6KThread42.4KAnggota
Terlama
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Ikuti KASKUS di
© 2023 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved.