Pengaturan

Gambar

Lainnya

Tentang KASKUS

Pusat Bantuan

Hubungi Kami

KASKUS Plus

© 2024 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved

dalledalmintoAvatar border
TS
dalledalminto
MITOS-MITOS JAWA DADI SUMBER INSPIRASI SING MENARIK LAN APIK ING KARYA SASTRA
Tembung "mitos" ing jaman modern asring dhidhengung-dhengungake kayadene hal sing aneh utawa ora logis. Ana saperangan nganggep mitos-mitos menika dadi salah sijine indikator 'kuna'. Kanggo saperangan wong sing ndeklarasikake dadi wong moderen.

Kanthi menika mitos bisa dipun artekake bagiyan saking flocklore, yaiku kisah utawa cerita sing latar/ settinge jaman biyen. Ngemu penafsiran bab alam semesta, sing dianggep bener-bener terjadi marang si empu cerita lan pengikute.

Tembung "biyen" identik kaliyan jaman kuna utawa tradisional. Kanthi logika konteks jaman kuna lan saiki temtu akeh pambedanipun, sahingga dudu hal sing aneh menawi anane mitos dianggep utawa dingetke kanthi "sebelah mata" kanggo wong-wong ing era moderen.


Kanthi kedadeyan menika, ing pungkasane nuwuhake dikotomi masarakat yaiku masarakat pro lan kontra dumateng mitos ing kehidupan. Namung ora sethithik sing netral utawa ora perlu digawe mumet bab mitos mau. Uwal saka pranata pro lan kontra, sing baku mitos iku jelas ana ing masarakat. Salah sijine masarakat sing iseh nyekel/ ngugemi mitos inggih menika masarakat Jawa. Mitos sing asale saka Jawa kasebut mitos Jawa.

Kathah mitos-mitos sing urip subur ing masarakat Jawa. Saka hal-hal sing dianggep sepele nganti tekan hal-hal sing dianggep abot, nyangkut nasib utawa prinsip hidup.


Conto mitos sing ringan, idhep sing rontog mertandani yen ana sing kangen utawa dikangeni. Conto mitos sing abot, nyangkut nasib/ nyawa, umpama dolan piknik ing Pantai Selatan nganggo klambi warna ijo bakal klinthir utawa keli kena ombak, lan sakpiturute.

Ing antarane sing sethithik mau, justru luwih relatip realistis, salah sijine yaiku sastrawan. Sastrawan dadekake mitos kanggo salah sijine sumber inspirasi sing unik lan apik. Kanthi implisit utawa eksplisit, mitos bisa dilebokake ing karya-karyanipun sahingga dadi karya sastra sing khas lan unik.

Kawontenan mitos Jawa saget kanthi fleksibel diselipake unsur-unsur intrinsik, contonipun kanggo latar sosial budaya kang kenthel sahingga khas lan engast mempengaruhi karakter-karakter tokohipun, uga bisa nuwuhake konflik. Contonipun dimunculake tokoh pro mitos lan sing kontra kaliyan mitos mau.

Kados mekaten bisa kanggo bukti menawi karya sastra tiruwan kehidupan, ana kemiripan kalih dunia nyata.

Perkara sapa sing menang utawa endinge cerita kaya ngapa, sing menang pihak sinten, tentunipun gumantung visi lan misi pengarang, gumantung tujuan si pengarang, utawa tepatipun wewenang pangarang piyambak.
Sing baku, ing tulisan niku penulis boten fokus kaliyan pro-kontranipun mitos namung fokus kalih proses kreatipipun.

Ing fenomena, mitos dadi sumber inspirasi nulis karya sastra sing unik, kanggo puisi utawa prosa. Kayadene kang kaulas ing nduwur, ing karangan prosa, mitos bisa dadi pemantik konflik uga bisa dadi bumbu pemanis cerita sing mawernani setting utawa latar. Uga bisa dadi sumber konflik/klimaks cerita ing karya sastra Jawa lan sastra Indonesia.

Temtunipun prosentase mitos Jawa dadi inspirasi karya sastra Jawa luwih kathah katimbang sastra Indonesia. Menika namung logika kula piyambak.

Kathah karya sastra jawa sing ngemas kabudayan Jawa utawa ngemot mitos Jawa, menehi bumbu mitos Jawa ing karyanipun, sahingga karyanipun menika malah fenominal.

Contonipun novel "Bekisar Merah" karyanipun Akhmad Tohari. Bekisar Merah nyritakake bab dusun Karangsoga sing mayoritas masarakate dhuweni pemetu dadi tukang deres legen utawa gawe gula kelapa: gula jawa. Ing dusun Karangsoka menawa ana wargane sik tiba saka wit kelapa diarani 'katak melompat'. Amerga tabu, ora oleh yen nyebut tiba saka wit kambil.

Ing Bekisar Merah uga dicritakake menawa tetombo iseh percaya dukun utawa tukang pijet. Yaika dicritakake menawa pijet bisa gawe mari wong lanang sing ngalamu ejakulasi dini utawa lemah syahwat.

Ing prosa liris, uga ana sik ngemot babagan kabudayan lan mitos jawa. Yaiku prosa liris karanganipun Linus SAG sing judule "Pengakuan Pariyem". Dicritakake menawi Pariyem, prawan sing saka Gunungkidul dadi babu ing Ngayogyakarta. Bendara sing dieloni Pariyem iseh nggegem unggah-ungguh jawa sing kenthel. Amerga iseh kagolong keluwarga ningrat.

Sakjane prosa Pengakuan Periyem akeh ditemoni basa sing vulgar utawa basa sing khusus kanggo wong dewasa. Sakcuil isi ing prosa liris Pengakuan Periyem;

"O, Allah, Gusti nyuwun ngapura. Kami telanjang bulat. Bibir saya diciumnya. Ciuman pertama dari seorang pria. Penthil saya diremasnya. Remasan pertama dari seorang pria…”

Wondhene cerkak-cerkak sing ngemot babagan mitos lan kabudayan jawa temtunipun kathah engast. Cerkak-cerkak sing kaamot ing Surat Kabar Harian 'Kedaulatan Rakyat' rubrik Mekarsari. Conto cerkak sing ngemot mitos kaamot ing Mekarsari kanthi judul ' Konspirasi Popok' karanganipun Kartika. Konspirasi Popok nyeritakake yen pawongan sing wis bebrayan suwe nanging urung diparingi momongan. Supaya duwe momongan, syarate kudu njupuk popok kanthi sesideman rikala tilik ponang jabang bayi ing tangga teparo.

Ana meneh conto cerkak sik ngamot mitos karanganipun Budi Sarjono kanthi irah-irahan Cundrik. Dicritakake menawi cundrik sing awujud pusaka leluwur sing duweni sipat piandel. Yaiku bisa dadekake cekelan sing arep nyaleg; nyalonke dado legislatif. Kanthi cundrik menika bisa anjalari, bisa gampang anggone dadi anggota dewan.

Ing antologi cerita cerkak 'Wulang Kumandhang' saking Dinas Kebudayaan Yogyakarta tahun 2018, uga ana cerita cekak sing menehi bumbu mitos ing karyane. Kayadene karyane Budi Sarjono sing judule 'Galih Asem'. Cerkak Galih Asem bahas mitos yaiku kekuwatan galih asem sing bisa menehi sipat pangendhel kanggo sapa wae sing bakal arep maju utawa nyalonke dhiri dadi anggota dewan. Yen duweni kayu galih asem dipercaya bisa kasil lan kapilih ing Pemilu. Saengga bisa dadi wakil rakyat ing DPR utawa DPR RI.

'Abote Nggadhuh Pusaka Leluhur' karyanipun Isngadi Marwah Atmadja, uga menehi bumbu mitos arupa watu akik. Watu akik kang aran Mani Gajah sing bisa anjalari wanita-wanita padha kepencut, kesengsem yen nganggo akik iku mau. Istilahe bisa duwe aji-aji pamikat.

Iku mau conto-conto karya sastra, ing sastra jawa uga ing sastra Indonesia sing ngemu babagan mitos lan kabudayan, khususipun budaya jawa. Lan kanyota anane mitos-mitos mau bisa tambah nggrengsengake karya sastra, inggih menika novel, prosa, cerita cerkak, lan sakpiturute.

Kanggo para pandemen utawa pembaca tentunipun bisa marakake penasaran saengga kepingin lan kepingin maca, nganti rampung cerita-cerita iku mau.

Adhedhasar conto lan pengarang sing karya-karyanipun ngemut bab kabudayaan lan mitos jawa bisa kasimpulaken bilih ;
1.Mitos-mitos bisa dadi sumberi inspirasi sing menarik lan unik ing karya sastra sak wektu ing wektu.
2. Urip ing jaman era modern, kanthi anane mitos-mitos bisa nggrengsengake karya sastra Indonesia lan karya sastra Jawa
3. Mitos bisa dadi ide utama, pokok cerita sing ing karya sastra Jawa utawa Indonesia.
4. Cerita-cerita sing diwenehi bumbu mitos lan kabudayan bisa dadi tambah menarik lan nggresengake ati.
5. Ora bakalan kentekan ide utawa gagasan cerita angger mitos-mitos iseh ana ing masarakat
6. Ing jaman milenial iki, karya sastra; cerita cekak, novel, prosa lan liya-liyane, sing diwenehi bumbu mitos lan kabudayan bisa dadi fenominal
7. Mitos bisa gawe penasaran kanggo pembaca, saengga kepingin maca nganti rampung cerita-cerita sing ana bab mitos.
8. Anane mitos-mitos, bisa nggrengsengake babagan karya sastra, sebab mitos iku sesuwatu hal sing gawe penasaran tumraping para pembaca utawa konsumen karya sastra.

Bantul, 2019
Diubah oleh dalledalminto 29-05-2019 05:46
lina.wh
erina79purba
Cahayahalimah
Cahayahalimah dan 2 lainnya memberi reputasi
3
732
13
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
KASKUS Kreator Lounge
KASKUS Kreator LoungeKASKUS Official
1.2KThread991Anggota
Terlama
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Ikuti KASKUS di
© 2023 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved.