Pengaturan

Gambar

Lainnya

Tentang KASKUS

Pusat Bantuan

Hubungi Kami

KASKUS Plus

© 2024 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved

congmakecilAvatar border
TS
congmakecil
Kisah Cinta Sedih Bangettttttttsssssss....hik hik hik hik
Sardot iku anake wong kere,duwe pacar Juminten anake wong sugih bisnis mutiara

Masio anake wong ora duwe,wujud tresnane Sardot gedhe banget marang Juminten

Opo sing di kekarepke Juminten,sak isone di turuti Sardot supoyo Juminten ngrasake bahagia

Sakwentoro dino Juminten ngejak Sardot mlaku mlaku ameh ngomongke hal penting kanggo uripe

Juminten : Mas...tulong tinggalno aku...

Sardot : Opo Jum....!!!
memange aku kurang opo hah...kowe jaluk mangan enak tak turuti...kowe jaluk henpon tak turuti...kowe jaluk opo opo tak turuti,masio aku kudu golek utangan dhisik supoyo iso nuruti kekarepan mu iku

Juminten : Suwun sak durunge mas...nanging iki aku pingen jaluk tukokno berlian...opo kowe sanggup?

Sardot : Jebul pancen wong wedhok matre tenan kowe Jum....ora lilo aku mok ece koyok ngene!!!

Saknaliko Sardot langsung ninggalke Juminten ngono wae

Seminggu sakwise,Sardot langsung termotipasi golek kerjo supoyo iso mbuktike lan ora di remehke Juminten

Pancen wes dadi dalan uripe,nembe kerjo 3 ulan,Sardot langsung di angkat dadi menejer perusahaan mergo prestasine

Sejak iku Sardot ugo dadi pengusaha terkenal lan sukses

Wektu mulih kerjo numpak BMW'ne,ning lampu bang ijo Sardot weruh wong tuo lanang wedhok ngemis ngemis

Ora nyono ora ngiro,wong tuwo iku jebule Sodron lan Markonah wong tuwone Juminten

Pikire Sardot,mungkin wektu sing tepat gawe bales dendam marang opo sing pernah di lakoni Juminten marang Sardot

Nanging pas ameh mudhun seko mobil,Sardot langsung berubah pikiran

Akhire Sardot mutuske nginthili(mengikuti) wong tuwo mau nuju ing panggon sing durung ngerti tujuane

Sedhelok mlaku,jebul wong tuo mau nuju ing kuburan

Sardot sing awit mau nginthili kaget mergo weruh ning kuburan iku enek maesan nganggo jeneng "Raden Ajeng Juminten Lavina Putri"

Atine Sardot langsung kemropok ora karuan,mripate netes eluh

Wong tuwone Juminten akhire ngomong marang Sardot

Sodron : Dik sardot....aku lan keluarga ku saiki nibo kere mergo kebeh bondho di dol kanggo nambani Juminten

Markonah : ojo di tangisi...sing wes ora enek lilake...nanging sak durunge Juminten ora enek,Juminten mung nitip surat iki

Sardot langsung moco surat iku

"Mas Sardot...matur suwun pangucap mu naliko iku marang aku...masio ngono aku ora loro ati....nanging perlu mas Sardot ngerti,aku ngongkon pean ninggalke aku mergo aku di vonis loro kanker otak kronis sing ora bakal iso di tambani...soal jaluk berlian,iku mung rekayasa ku.aku ora pingen pean urip karo wong sing nyandang loro koyok aku iki....pandonga ku mung siji,mugo pean urip seneng"

Saknaliko Sardot langsung nyesel marang opo sing pernah di ucapke ning Juminten

Sardot mung iso jaluk pangapuro lan dongake Juminten lewat dungo dungo saben dinaneemoticon-Sorryemoticon-Sorryemoticon-Sorry
0
2.9K
15
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
The Lounge
The LoungeKASKUS Official
923.2KThread83.7KAnggota
Terlama
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Ikuti KASKUS di
© 2023 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved.