Pengaturan

Gambar

Lainnya

Tentang KASKUS

Pusat Bantuan

Hubungi Kami

KASKUS Plus

© 2024 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved

Supriadi.Avatar border
TS
Supriadi.
sinetron jowo "Warung Kopi RI 1"
WARNING!!!
Hanya Hiburan semoga terhibur

WARKOP RI 1 versi 1.0
Pak karno duwe anak jenenge wati... Lah wati iki duwe warung kopi jenenge "Warkop RI 1"
Yo biasa jenenge warung kopi yo akeh senk podo cangkruk'an...
Lah tonggo2ne pak karno seng jenenge Harto habi wahid lan yono iki wes janjian pengen ngopi neng warung RI 1. Jam 5 sore...

Langsung ae nang TeKaPe

harto: mbak aku gawekno kopi susu ae.. Kowe ngombe opo no?

karno: aku teh anget ae..

Habi: wedang jahe ae mbak

Wati: lah kowe opo mas yono?

yono: top kopi ae wong bayaranku mung thitik seje karo cak harto..

Wati: niki mbah to kopine
Bapak teh angete niki... Sek yo mas bie mas yono ...kentek'an banyu tak nggodok disik mas

harto: Sruuurrppp enak tenan kopi gawenan anakmu no...

karno: wohh yo jelas anakku kok.

yono: endi mbah gusdur ki kok gak ndang teko...

Habi: meng pamitan sek sholat jare, yo dienteni ae cak

Wati: yo'opo pak bro bingung aku BBM ape mundak meneh.. Gak tego aku ngundakne rego, ngko lak gak enek seng gelem marong mrene

karno: kon yo'opo Yon? Mosok ape kok undakno maneh BBM?

yono: lah kepriwe maneh nyonge yo bingung kiye.. Wong serba salah kiye, bbm subsidi yo seng nuku wong sugih" thok.

harto: Utangno ae gak usah kesuwen mikir

Habi: ojo yon ojo nggatek harto we..

Wahid: Asalamualaikum....dolor

"walaikumsalam" (Serentak)

Yono: iki seng dienteni wes teka mangga mbah pinarak lungguh jejer inyong bae..

Wahid: yoo sepurane cak telat sek ngimami nang mesjid lor iku loh.. Lah iki wes podo sholat dorong??

"dorong" (serentak lagi)

Wahid: wahwah yo apik kelakuanmu

karno: kembali ke Lap-top... Teko endi mau?

Wati: anu pak...iku loh BBM mundak. Karo pakde harto kon utang ae

Wahid: lah lapo utang opo wes kere tenan?

Karno: hahaha atos omongmu mbah..

Harto: ketok'e yo pancen wes kere dur.... Hahaha

Habi: ojo ngguyu kowe to..

Yono: inyong ora diewangi mikir malah cengengesan kabeh jan kepriben kiye

Wati: rame pokok'e nek mbah dur teko..
Oh iyo mbah dur pean ngunjuk nopo?

Wahid: banyu zam zam ono tho?

Wati: walah pean iki ngajak guyon tho?

Wahid: ngunu ae nesu... Kopi ae we

Karno: ngene loh Yon... Dietung disik kiro cukup gak duite negoro gawe nunuti subsidi BBM? ojo mung wok undakno ae

Yono: yo nek cukup yo cukup no.. Tapi ya mekso..

Harto: nek korupsi kok gak mekso yaa?

Sabi: opo to to..

Wahid: wes gak melu2 aku nek masalah korupsi iki dowo urusane

Wati: korupsi lak yo warisanmu tho pakde (harto)

Harto: yo ra iso!!! Opo enek korupsi
Buktine Jamanku ora enek KaPeKa kok..

Yono: yo iyo mbah... KaPeKa neng jamanmu enek ya didor!! karo Petrus

Karno: rugi wong wong nek ku perjuangno negoro iki, nek aku eruh bakal dipimpin koyok kon kon iki mending ben dijajah ae karo londo sampe kiamat!

Wati: iyoo pean gak ngesakke bapakku ta?

Wahid: hahaha gitu aja kok repot

Yono: ayo diombe disik wedange selak adem...

Habi: wes ojo dipikir ngko botak ndasmu....

Wahid: yo wes ngomongne bal balan ae... Jagoku taun ngarep Chelsea

Harto: opo goro2 mourinho kowe jago chelsea? Aku yo tetep BARCA!!

Wati: Waungku piyee??? Bangkrut... Bangkrut!!!

Habi: pilih Munchen cak... Barca ae diajar koyok ngunu sopo seng ora guyu..

Yono: tetep GLORY GLORY Manchester united

Karno: aku Juventus ae je...

Wahid: kowe jupe No... Kwkwkkwk
Gak ngalahno madrid pokok'e

Wati: aku seneng moto GP ROSSI po gelo we???

Karno: opo ndok ndok... Ndang umbah2 kono loh warunge tak jogone...

Wati:nggih pak...

Yono: eman yo Rooney jare arae pindah club.. Goro2 wong londo teko

Wahid: paling MU musim ngarep yo dadi medioker..

Yono: yo ora iso tho mbah.. Mental juara kok!!

Karno: percuma cak cak ngomongi liga inggris TVne awak'e loh sek hitam putih kwkwkw

Habi: duweo tv opo yo iso ndelok
Nek gak duwe PINK TV!!

Karno: yo kuwi maksudku bie

Harto: sakno wong loro iku.. Sakno sakno

Yono: yoo live streaming tho... 2013 jamane internet...wong!!

Wahid: wooo ndeso kabeh!!!

Habi: gayamu yon yon.... Duwe twitter ae lagek..

Karno: twitter iku opo?

Harto: iyo opo kuwi cak?

BERSAMBUNG!!!
Tunggu kelanjutanya!!!
0
1.5K
9
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
The Lounge
The LoungeKASKUS Official
923KThread83.1KAnggota
Terlama
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Ikuti KASKUS di
© 2023 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved.