- Beranda
- Jokes & Cartoon
Nggedabrus tok... [Humor Bahasa Jawa]
...
TS
byaza
Nggedabrus tok... [Humor Bahasa Jawa]
Somad pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk.
Mari tuku rokok, dhadhak Somad kepethuk bekas pacare biyen.
Gak keroso enak-enak sir siran dhadhak wis jam rolas bengi.
"Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku. Aku njaluk wedhakmu sithik." Jare Somad ndhik bekas pacare.
Mari njaluk wedhak, Somad pamitan mulih.
"Ndhik endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong tah ?" bojone mulai purik.
"Ngene lho dhik, mari tuku rokok aku pethuk cewek ayu terus dijak sir siran sampek lali mulih" jare Somad.
"Cak.. cak.. modelmu ae athik sir siran barang.. sik ndhelok tanganmu !!!" jare bojone Somad.
Pas didhelok, tangane Somad putih kabeh.
"Nggedabrus thok . .!!! Mene sampek konangan karambol maneh awas kon yo !!!"
0
2.9K
50
Komentar yang asik ya
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
Jokes & Cartoon
52.8KThread•5.1KAnggota
Urutkan
Terlama
Komentar yang asik ya