Pengaturan

Gambar

Lainnya

Tentang KASKUS

Pusat Bantuan

Hubungi Kami

KASKUS Plus

© 2024 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved

yud4nt4Avatar border
TS
yud4nt4
[JOKE DINI HARI] Susahnya Cari Kerja Jaman Sekarang
sebelumnya maaf kl emoticon-Repost ane cm mhn emoticon-Blue Guy Cendol (L) wat ngisi kulkas ane ato emoticon-Rate 5 Star tp jgn emoticon-Blue Guy Bata (L)

*SUSAHIPUN PADOS DAMELAN * meniko *:*
*Susahnya Cari Kerja *Jaman Sekarang *

(+) : Pendidikanmu opo? (Pendidikanmu apa?)
(-) : Hukum Pak.
(+) : wah ora bisa ditompo ning kene. (wah tidak bisa diterima disini)
(-) : Alasanipun Pak? (alasannya pak?)
(+) : Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja. (ntar kebanyakan ngomong, malah enggak kerja)
(-) : tapi kulo mantan diplomat lho Pak. (tp saya mantan diplomat lho pak)
(+) : Tambah ora ketompo? (makin gak diterima)
(-) : Lho kok ngaten pak? (loh kok bisa begitu pak?)
(+) : Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae.....(tar kerjaanmu cuma rapat2 aja)

(+) : Kowe nduwe omah opo ora? (kamu sudah punya rumah belum?)
(-) : Dereng....(belum)
(+) : Wah kowe ora iso ketompo nang kene. (wah, amu tidak bisa diterima disini)
(-) : Lho kok ngaten? (loh kok gitu?)
(+) : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan. (nanti kamu pasti ngajuin hutang di perusahaan)
(-) : Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih. (ah..tidak kok. sebenarnya orang tua saya sudah kaya)
(+) : Yo malah ora ketompo. (ya malah gak diterima)
(-) : Lho kok ngaten? (loh kok gitu?)
(+) : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae. (nanti kamu kerja cuman buat hiburan, nognkrong2 aj)

(+) : Kowe nduwe motor opo ora? (kamu punya motor ga?)
(-) : Mboten. (tidak)
(+) : Ora ketompo. (tidak diterima)
(-) : Lho kok mboten ketompo? (loh kok gitu pak?)
(+) : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit. (pasti nanti kamu minta bantuan kredit)
(-) : Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki. (sebenarnya punya), tapi masih di kampung. gampang nanti saya bawa kemari
(+) : Wah malah ra ketompo....(wah malah tidak diterima)
(-) : Lho kok ngoten? (loh kok gitu?)
(+) : Tempat parkire wis ra cukup. (tempat parkirnya udah gak cukup)


(+) : Kowe wis lulus sarjana tenan? (kamu lulus sarjana beneran?)
(-) : Sampun Pak....(sudah pak)
(+) : Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben mbayare murah. (tidak diterima. disini itu cari yang SMA aj, lebih nurut dan biar bayarnya murah)
(-) : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi. (sebenarnya saya masih akan skripsi)
(+) : Malah ora ketompo.....(malah tidak diterima)
(-) : Lho kados pundi to? (lah bagamana sih?)
(+) : Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo. (nanti kamu kerja cuman ngetik skripsi, kl sudah lulus pasti cari kerja di perusahaan lain)


(+) : Kowe seneng guyon opo ora? (kamu seneng bercandda ato enggak?)
(-) : Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe. (tidak pak, saya serius kl bekerja)
(+) : Ra ketompo.....(tidak diterima)
(-) : Waa... Kok ngoten? (waa...kok begitu?)
(+) : Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress. (nanti temen2mu pada stress)
(-) : Sakjane nggih sekedhik- sekedhik seneng guyon. (sebenarnya ya sedikit2 seneng becanda)
(+) : Malah ora ketompo.(tidak diterima)
(-) : Lho kok......
(+) : Engko kowe mung email-emailan sing lucu. (nanti kamu cuman email2an yang lucu)


(+) : Kowe mau mrene numpak opo? (kamu tadi kesini naik apa?)
(-) : Nitih mobil. (naik mobil)
(+) : Kowe ora ketompo. (kamu tidak diterima)
(-) : Sebabipun? (penyebabnya?)
(+) : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus. ( sekarang BBM naik terus, nanti kamu minta naik gaji terus)
(-) : Woo, kulo wau namung mbonceng, kok. (woo, saya cuman numpang kok)
(+) : Tambah ora ketompo. (makin tidak diterima)
(-) : Lho, lha kok?
(+) : Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi! (nanti kamu suka numpang mobil kantor, ngrepoti!!)


(+) : Anakmu akeh opo sithik? (anakmu banyak ato sedikit?)
(-) : Kathah, Pak. (banyak pak)
(+) : Kowe ora ketompo. (kamu tidak diterima)
(-) : Sebabipun? (peyebabnya?)
(+) : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanak terus. (kerjamu tidak tekun, cuma mikir bikin anak terus)
(-) : Lha wong namung anak adopsi, kok. (cuman anak adopsi kok)
(+) : Tambah ora ketompo. (makin tidak diterima)
(-) : Lho, lha kok?
(+) : Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe. (bikin anak aj tidak semangat, apalagi kerja)


(+) : Kowe wis ngerti gaweyanmu durung? (kamu udah tau kerjaanmu belum)
(-) : Dereng. (belum)
(+) : Kowe ora ketompo. (kamu tidak diterima)
(-) : Sebabipun? (penyebabnya?)
(+) : Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane? (mau kerja kok tidak tahu kerjaannya)
(-) : Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok. ( oo. kalo kerjaan itu udah tau pak)
(+) : Tambah ora ketompo. (makin gak diterima)
(-) : Lho, lha kok?
(+) : Kowe rak mung arep keminter, to? (kamu cuma sok tahu kan? )


(+) : Kowe ngerti kahanan kantor kene durung? (kamu tahu keadaan kantor ini belum?)
(-) : Dereng. (belum)
(+) : Kowe ora ketompo. (kamu tidak diterima)
(-) : Sebabipun? (penyebabnya?)
(+) : Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore? (mau kerja kok tidak tahu kantornya)
(-) : Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok. (wah,ya sedikit2 udah tau)
(+) : Tambah ora ketompo. (makin tidak diterima)
(-) : Lho, lha kok?
(+) : Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to? (nanti kamu sukanya mengumbar rahasia)


(+) : Kowe kerep loro? (kamu sering sakit?)
(-) : Mboten. (tidak)
(+) : Kowe ora ketompo. (kamu tidak diterima)
(-) : Sebabipun? (penyebabnya?)
(+) : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering. (pasti kamu sering mbolos, )
(-) : Wah, sakjanipun nggih asring. (wah , sebenarnya ya sering)
(+) : Tambah ora ketompo. (makin tidak diterima)
(-) : Lho, lha kok?
(+) : Kantor iki ora nompo karyawan pileren. (kantor ini tidak menerima karyawan penyakitan)


(+) : Kowe biso main internet? (kamu bisa internet?)
(-) : mBoten. (tidak)
(+) : Kowe ora ketompo. (kamu tidak diterima)
(-) : Sebabipun? (penyebabnya?)
(+) : Perusahaan ora nompo sing buta internet. (perusahaan tidak menerima yang buta internet)
(-) : Wah, sakjanipun nggih saged. (wah, sebenarnya ya bisa)
(+) : Tambah ora ketompo. (makin tidak diterima)
(-) : Lho, lha kok?
(+) : Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet, to??? (pasti tidak akan kerja, kerjamu cuman maenan internet kan??)

(+) : Kowe waras opo ora? (kamu waras nggak?)
(-) : Lha, kulo nggih waras to Pak. (lah, saya ya waras pak)
(+) : Ra ketompo. (tidak diterima)
(-) : Kenging nopo? (kenapa?)
(+) : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene. (nanti kamu pasti tidak kerasan disini)
(-) : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan. (itu dulu pak, sekarang sudah rada gila)
(+) : Malah ra ketompo. (malah tidak diterima)
(-) : Pripun to niki? (gimana sih ini???)
(+) : Mengko aku duwe saingan. (nanti aku punya saingan)
(-) : WAAAAAAAAAAAAAAAA! !!!!


0
3.8K
100
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
Jokes & Cartoon
Jokes & CartoonKASKUS Official
52.8KThread5.1KAnggota
Terlama
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Ikuti KASKUS di
© 2023 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved.