kartikabudayaAvatar border
TS
kartikabudaya
" Dredhah" Karya Mulyono


"Cirine serat iberan
Kebo bang sungunya tanggung
Saben kempi mirah ingsun
Katon pupur lelataran
Kunirpita kunirpita kasut kayu
Wulucumbu madukara
Paran marganing ketemu"

Apa gusti lagi duka ?
Apa gusti lagi murka ?
Maewu-ewu pitakone manungsa kang lagi tidha-tidha
Kegawa mobah mosiking donya

Ahh......ora.
Gusti ora duka
Gusti ora murka...
Pranyata Gusti maha welas, maha asih lan tresna

Mung manungsa kang dhemen latah kumebryah
Nyahak wewenange titah tanpa mikir paedah

Nanging, sapa kowe kang lagi gawe dredah?
Geneya kowe teka kanthi culika,
Ngrabasa nalika manungsa wuta
Nalika manungsa lali
Nguripake dahana puja brata jroning dhadha
Nalika manungsa kekeceh lelumban gumebyare donya
Lali purwa duksina

Sapa sejatine kowe,
Aku ra peduli, aku ra nggagas
Jalaran dina iki, aku laku puja semedi
Mbabar jati diri, nguntapake usada suci

"Singgah singgah kala singgah.
Pan suminggah Durga kala sumingkir.
Sing asirah sing asuku.
Sing awulu sing abahu.
Sing atenggak kalawan buntut.
Sing datan kasat mata.
Padha sira sumingkira.
Muliha mring asal neki."

Jember, 28 Mei 2020
yuki26Avatar border
yuki26 memberi reputasi
1
557
0
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
Budaya
Budaya
icon
2.3KThread1KAnggota
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Ikuti KASKUS di
© 2023 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved.