Ilmu-ilmu di tanah Jawa berikut diperkirakan sudah ada sebelum abad 15 (paska keruntuhan Majapahit)
apabila ditilik dari adanya percampuran bahasa Jawa dan Arab di dalam amalan-amalan doanya. Konon pada masa kewalian,
Sunan Kalijaga mendapat mandat membahasa-arabkandoa-doa kuno (kejawen)
yang masih hidup (diamalkan) masyarakat pada masa itu
(sbg strategi persuasif penyebaran agama Islam).
Penulis buku kumpulan ilmu-ilmu Kejawen diatas adalah Eyang Sakat Pratiktodarsono,
yang dikumpulkan sepanjang tahun 1940 sd 1973.
Sebagai bentuk dedikasi kami sebagai cucu Eyang yang terus menulis hingga akhir hayatnya (1974),
ane babarkan warisan beliau di Thread ini.
Ilmu ini khusus buat yang sudah paham ilmu kejawen.
Bagi pemula harus didampingi pembimbing spiritual Kejawen.
DILARANG MENCOBA SENDIRI.
2. Islam Jawa Kasunyatane Urip,
Merupakan puncak perjalanan spiritual
dalam rangka mencari pegangan hidup
yang berpedoman Al Qur'an.
Islam Jawa Kasunyatane Urip adalah sebuah Laku Tirakat memahami hakikat kehidupan. Ujungnya adalah hadiah dari ALLAH SWT berupa KESEMPURNAAN HIDUP (sampurnaning urip).
Sarana utamanya dengan berpasrah diri,
ber tawakal hanya kepada ALLAH SWT.
Laku tirakat ini selanjutnya membuka
pemahaman hakikat kehidupan anda
dalam bimbingan dan tuntunan langsung dari Yang Maha Kuasa.
Keduanya ada disini :
Quote:
1. Ilmu Leluhur Tanah Jawa (Ilmu Kejawen).
Spoiler for Ilmu Kejawen:
Spoiler for Bab Pengasihan n Pinuwunan:
PENGASIHAN Ana roncong jagad saking wetan mancorong kadya kencana,
terus njaba jerone, si roncong jagad asiha marang badan saliraku,
teka kedhep, teka welas, teka asih,
terus njaba jerone, aja kowe ora asiha marang badan saliraku,
dewa pangerane si........ asih marang dewa pangeranku.
Spoiler for Bab Pinuwunan:
PINUWUNAN (kanggo nekakake sapadha-padha)
Madhep ngetan : iku Gusti Allah; aku njaluk ngapura, si... tekakno dina sesuk !
Madhep ngalor : iku Gusti luwih wikan; aku njaluk ngapura, si... tekakno dina sesuk !
Madhep ngulon : iku Gusti iman langgeng; aku njaluk ngapura, si... tekakno dina sesuk !
Madhep ngidul : iku Gusti rasul tumikah; aku njaluk ngapura, si... tekakno dina sesuk !
(sawengi diwatek x3: lebar isyak, tengah wengi, bangun esuk).
Spoiler for Bab Suwuk:
Suwuk Nambani Sesakit. Salallahu ngalaikum salam, salam ngalaikum. Danyang perkayangan kang manggon kiblat papat, kang manggon ing desa..........(desa kang dipanggoni), wanuhna lan danyang perkayangan ing desa .........(desa wong kang lara), bagi binagi lan danyang perkayangan ing desa.......
Nini sebrang kaki sebrang buwangen uler-ulerane si ..... sajerone balung sajabane balung, sajerone sungsum sajabane sungsum, sajerone daging sajabane daging, sajerone kulit sajabane kulit, guwaken menyang alas gede panggonamu segara lor, myang alas blegedhegan, adem asrep katiban idu putih, saking kersane Allah, la illaha ilallah mokamad rasulullah
Suwuk Bocah Nangis. Puter putih-puter putih, aja nangis karintih-rintih, aji-ajimu bendo golok, nyabet gunung pitu jugrug nyabet segara asad, audzubillah-audzubillah-audzubillah laa illaha ilallah muhamad rasulullah.
Bocah Budi. Sawan corah iku tangis (yen ora tumama diwalik).Sawan tangis iku corah.
~Aji Lawa ijo. Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi.
Kuwasane kuwat, rosa, angkat junjung abot.
Niyat ingsun matak ajiku sang lawa ijo, bed-kebed, rejut, lab, det, ngebet, rejut, sad ra, mim a-ubin, rejut, haddihil khayatun asmaihi, rejut, rek, rejut, ya ingsun sajatine lawa ijo.
~Aji Buta Ijo. Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi.
Kuwasane teguh, mlesedan keh gegaman, kawateg rikala kurda.
Niyat ingsun amatak aji esmi urubing dupa, bel abang kinuwasa, bel putih kinuwasa, bel kuning kinuwasa, bel ireng kinuwasa, ya ingsun sejatine si buta ijo.
~Aji Jaran Goyang. Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi.
Niyat ingsun amatak ajiku si jaran goyang, cemetiku sada lanang, sun cametekake gunung jugrug, sagara asad, bumi belah, kayu gurda rubuh, watu mrapat dadi pitu, sun tibakake sukmane si jabang bayi kang aran ..................., yen ora manut sida gendeng, wurung gendeng sida ngengkleng, wurung ngengkleng sida edan, wurung edan sida welas asih marang badhan saliraku ; Niyat ingsun matak ajiku si setan kober, nunggal karone si jaran goyang mlebuwa sukmane si jabang bayi, tepungna klawan sukmaningsun, teka welas teko asih, dewa pangerane si ....................., teka asih marang dewa pangeranku. La illaha ilallah muhamadar rasulullah.
~Aji Gajah Wulung. Tapane puwasa 7 dina 7 wengi.
Ingsun amatek ajiku si gajah wulung gedheku salumbung bandhung, kulitku raja tembaga, dagingku wesi pulasani, balungku waja tampang, teguh timbul, luput slamet sking pangeran, rineksa ing malaikat papat, ana kama tan dadi manungsa, ana ati tanpa angen-angen, ana mata tanpa ningali, ana kuping tanpa pangrungu, ana irung tanpa pangambu, ana cangkem tanpa pangucap, bisu jampeng, jampeng, jampeng ngelmu gajah wulung
Spoiler for Babagan Aji-aji 2:
Aji Pambarit Sungsang Buwana. Mutih 7 dina patigeni 5 dina.
Kuwasane kinepung wakul baya mangap, hilang ; sing nepung perang karo kancane dhewe. Yen bangun perang winatak : Ananing dad sipat tanpa aran, aran tanpa sipat, ya ingsun sejatine wewayangane jagad, sukma mulya keluhuran, sampurna, dad ngulumun, huluhiyah, dad hilang, sampurna ngalam, ingsun mulya tan krasa rumeksa, ya hu, sampurna, dad langgeng, tan owah gingsir. La illaha ilallahu muhamadar rasulullah.
Aji Bathang Keli (kanggo misahake) Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi. Sarate nginang lan ngobong dupa.
Salallahu ngalaihi wasalam, niyat ingsun matek ajiku bathang keli, suruh kulite si bathang keli si........, jambe endhase si bathang keli si..........., enjet setigi si bathang keli si.........., gambir atine si bathang keli si ..............., mbako j.mb.te si bathang keli si.................... ; Si........., teka wadheh, teka waleh, teka sengit karo si.............. Sengit saking kersane Allah.
Aji Lembu Sakilan. Mutih 7 dina 7 wengi, ngebleng 1 dina 1 wengi.
Ingsun matak ajiku lembu sakilan, putri wijil bana sora, ngedhepake pucuking braja kabeh, cengkang siku dadi saka awakku, dawa tuna cedhak cupek, rineksa ing malaikat papat, malaikat jabarail, lungguhe ing kulit, kuwasane teguh kekot, kelat kelot, teguh kelot kekat kekot, malaikat ngisrapil, lungguhe getih lan daging, kuwasane teguh ayu slamet, malaikat mikail, lungguhe otot, kuwasane teguh, kenceng, cukat, trengginas, malaikat ngijrail, lungguhe balung, kuwasane teguh kukuh, langgeng tan kenaning owah
~Aji Kethek Putih. Mutih 7 dina ngebleng 1 dina 1 wengi.
Sun matak ajiku si kethek putih, oncak-ancik tunggak kayu yuta, mangah-mangah ing dadaku, mangah-mangah ing rupaku, ya aku si kethek putih.
~Aji Panca Sona. Saben tanggal siji (jawa) kawatak ; ngalih turu.
Ajiku si pancasona, luput tuwa, tan kenaning pati, anut sasi tuwa sasi anom, anom langgengsasasi, anom aku (ya hu allah...3x)
~Aji Wana Wulung. Ajiku wana wulung, kacaku kaya gelap panglimpun, pangen menjala, ya aku anake tambran pliliran, kang tapa ing alas bleku, miskin dadi sugih, gumulung sawah agung, teguh langgeng, teguh langgeng, teguh langgeng, kaya mipatku ya hu (ya hu allah....3x)