• Beranda
  • ...
  • Budaya
  • [JAWA] Piranti Pawon Tradhisional | Peralatan Dapur Tradisional

blagenthak
TS
blagenthak
[JAWA] Piranti Pawon Tradhisional | Peralatan Dapur Tradisional


Agan-agan sekalian izin share peralatan dapur tradisional di Jawa, barang kali ada yang pernah tahu barang dan wujudnya tetapi belum tahu namanya.
 
Piranti Pawon Tradhisionalyaiku piranti kang lumrahe digunakake kanggo olah-olah utawa masak. Piranti pawon iku akeh jinise. Tuladhane ana piranti kang nduweni wujud memper (mirip) karo liyane nanging jenenge beda amarga gedhe cilik (ukuran) lan pigunane beda.Piranti pawon ana kang digawe saka lemah, kayu, pring, tembaga, kuningan, lan wesi/waja.

Ing ngisor iki ana tuladha pirang-pirang piranti pawon tradhisional.


Spoiler for Alu:

Alu yaiku piranti kanggo ndheplok/nutu gabah supaya beras lan gabugane kapisah. Lumrahe alu digunakake bebarengan karo lesung. Alu digawe saka kayu, wangune bunder dawa kaya tabung. Nanging ana uga jinis alu sing wujude luwih cilik lan cendhak minangka pasangane lumpang.



Spoiler for Lesung:

Lesung yaiku piranti kanggo ngolah gabah supaya dadi beras kanthi ditutu/didheplok alon-alon. Gabah didheplok nganggo alu bola-bali. Lesung digawe saka kayu gedhe lan dibolongi perangan tengah (digrowongi). Lesung uga digunakake ndheplok bumbu pawon kaya lombok, kacang, wiji kopi,  lsp.



Spoiler for Enthong:

Enthong yaiku piranti pawon kang digunakake kanggo nyidhuk sega. Enthong wujude kaya sendhok nanging luwih gedhe. Enthong digawe saka kayu, plastik, seng, utawa wesi.



Spoiler for Parut:

Parutyaiku piranti kang digunakake kanggo nisir/marut klapa. Parut digawe saka kayu (blabag), nanging satengahe blabag iku mau ana barang lincip kaya eri lan lumrahe digawe saka wesi.



Spoiler for Telenan:

Telenan yaiku piranti kang digunakake kanggo landhesan nalika ngrajang utawa ngiris. Lumrahe telenan digawe saka kayu utawa blabag. Telenan uga ana kang ngarani telenan.



Spoiler for Tampah:

Tampahyaiku piranti kanggo napeni utawa nginteri beras. Tampah wujude bunder digawe saka pring kang wis disirat lan dianam. Tampah uga digunakake kanggo wadhah jajanan, mepe krupuk, lan wadhah tumpeng nalika slametan utawa bancakan.



Spoiler for Kalo:

Kalo yaiku piranti kang digunakake kanggo saringan peresan ampas klapa supaya ngasilake santen. Wujude kalo yaiku setengah bunder lan cekung. Kalo digawe saka pring kang disirat cilik-cilik lan dianam.



Spoiler for Kukusan:

Kukusan yaiku piranti kang digunakake nalika adang. Kukusan digawe saka pring kang disirat cilik-cilik lan dianam. Kukusan diwangun kaya conthong (krucut).


Spoiler for Semprong:

Semprong yaiku piranti kang digunakake kanggo ndamoni geni supaya murub.  Semprong digawe saka pring.



Spoiler for Beruk:

Berukyaiku piranti kang digunakeke kanggo naker. Beruk digawe saka bathok klapa kang wis tuwa. Dene barang kang ditaker biyasane beras. Nanging beruk uga digunakake naker jagung, kacang, lan glepung gaplek.



Spoiler for Siwur:

Siwur yaiku piranti kang digawe saka bathok klapa, wujude kaya dene beruk nanging diwenehi garan/danganan. Siwur gunane kanggo nyidhuk banyu utamane banyu kang jero upamane banyu ing genthong. Siwur bisa uga kanggo piranti kimpoian ing babagan siraman.



Spoiler for Uleg-uleg:

Uleg-uleg (munthu) yaiku piranti kang digunakake kanggo nguleg sambel, bumbu, utawa bahan liyane supaya alus. Uleg-uleg digawe saka watu, kayu, pring, lan plastik. Lumrahe uleg-uleg digunakake bebarengan karo cowek utawa layah.



Spoiler for Cowek:

Cowek yaiku piranti pawon kanggo nguleg sambel utawa bumbu liyane. Lumrahe cowek digawe saka watu lan kayu. Ana uga sajinis cowek kang digawe saka lemah jenenge layah.



Spoiler for Lumpang:

Lumpang yaiku piranti kang digunakake kanggo mbebak utawa dheplok. Barang kang didheplok bisa bumbu, beras, kacang, ubarampe jamu, lsp. Lumpang bisa digawe saka kayu, watu, wesi lan diwangun bunder ing tengah dilegoki Lumrahe lumpang digunakake bebarengan karo alu.



Spoiler for Anglo:

Anglo (angklo) yaiku piranti pawon sing digunakake kanggo masak kaya dene kompor kanthi urup-urup saka areng. Bisa areng kayu utawa areng bathok. Anglo digawe saka  lempung utawa watu padhas. Anglo nduweni complongan ana ing tengah.



Spoiler for Genthong:

Genthong yaiku piranthi kanggo wadhah banyu utawa tandhon. Banyu ing genthong bisa digunakane kanggo adus, masak, ngombe, lsp. Genthong lumrahe digawe saka lemah lempung. Nanging jaman saiki uga ana genthong saka plastik.



Spoiler for Klenthing:

Klenthing yaiku piranti/wadhah banyu nalika ngangsu (njupuk banyu) ana ing sumur, sendhang utawa belik lan digawa mulih kanggo adus, adang, ngombe, lsp. Klenthing digawa saka lemah. Wujude bunder duwe gulu lan lambe. Klenthing uga ana sing ngarani jun.



Spoiler for Kendhi:

Kendhiyaiku piranti kanggo wadhah banyu ngombe kang digawe saka lemah. Kendhi nduweni cucuk lan gulu. Kendhi wujude warna-warna, ana sing nduweni gulu dawa, uga ana kang wujude gedhe lan ditambah lekuk-lekuk.



Spoiler for Ceret:

Ceret yaiku piranti kang digunakake kanggo wadhah nggodhog banyu. Wujudue nduwe gagang, tutup, lan cucuk kaya kendhi nanging ceret digawe saka aluminium/tembaga. Ceret kang wujude gedhe diarani ketel.



Spoiler for Dandang:

Dandangyaiku piranti pawon kang digunakake kanggo adang, nggodhog banyu, lan ngukus. Wujude kaya panci nanging nduweni cekung. Dandang digawe saka campuran tembaga lan kuningan. Mula nduweni warna abang rada coklat.



Spoiler for Lading:

Ladingyaiku piranti kang digunakake kanggo ngiris/ngrajang. Lading dumadi saka rong perangan yaiku garan/gagang kanggo cekelan lan wilahan kanggo ngiris. Wilahan digawe saka wesi/waja kang diwangun tipis lan dilandhepake. Lading uga ana kang ngarani peso.


Spoiler for Video Piranti Pawon:
Diubah oleh blagenthak 27-02-2021 18:06
tulip.putihtien212700
tien212700 dan tulip.putih memberi reputasi
2
8.1K
5
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
Budaya
Budaya
icon
2.3KThread1KAnggota
Terlama
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Ikuti KASKUS di
© 2023 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved.