wadaksujuddAvatar border
TS
wadaksujudd
Bom waktu..!! ( paham bhsa jawa masuk..)
Sersan Sardot di pandu komandan Sodron
jinake bom liwat komunikasi radio
aktif

"Kijang siji ning kijang loro,piye kondisi
ning kono??...Ganti "

"Aku ning ngarepe bom sing ameh jebluk
komandan,jaluk intruksine...ganti"

"Tulong resiki dhisik daerah sekitare kono!”

"Maksute,aku kudu nyapu lan ngepel kene
komandan ? tulong insruksine!....Ganti ”
"Oraaaa...!semprul kowe...maksute jupuk
radius pirang meter seko pusat BOM,terus
amanke daerah kono"
" Siap Komandan !! "
* ora let suwi *
"Lapor Komandan , area wes resik... Ganti
"
"Oke , saiki kowe fokus ning
BOM !! pirang menit waktu kesiso sersan ?"
" Saiki nunjuke itungan mundur 15: 00 :56
komandan !!"
" Berarti kowe isih duwe
wektu 15 menit , Cepet bukak tutup BOM'e
nganggo drei!"
"Yen tak bukak mengko
garansine batal tow komandan ?"
"SEMPRUL
KOWE !!! memange henpon,nganggo
garansi ?
Cepet Bongkar!!!"
" SIAP ..." "BOM wes kebukak komandan,
saiki akeh kabel,tulong instruksi ...Ganti"
" Saiki kethok kabel paling cedhak"
" Siap , Laksanaaa ... !"
* prettt...tuuuuuttttttttt *
Ujug ujug komunikasi pedhot , kondisi
markas
Heboh lan komandan Sodron muring
muring marang kebodohoane sersan
Sardot.
"iku prajurit seko ngendi...bodoh kok di
pangan dhewe!
Aku ngongkon ngethok kabel BOM,ora
kabel headshet sing nempel ning awake !!!"
Terus operator markas nguripke
komunikasi cadangan , njuk enek suworo
* Dengar lara kuuu...swara hati memanggil
nama muuu...*
Jebul lagu noah - separuh aku.
Komandan Sodron lan anak buahe sing
ning markas ngrungoke karo rodhok nesu.
Akhire sakwise 10 detik SERSAN Sardot
ngangkat karo santae .
" Panggilan di copy, siap nrimo instruksi ”
"HEHH !! Iku mau mok apake?Tak hubungi
kok enek sworo aneh HAHH ???
"Iku jenenge RBT komandan, saiki lagi
trend”
"WOOOOIII...iki jalur
militer sersan !!! ojo guyonan ngadepi
BOM,NGERTI????"
" SIAP , komandan!"
" Sersan,tulong goleki mau asale seko
ngendi , tak tunggu datane !! "
" Asale seko Bandung
komandan , jeneng
penyanyine Ariel Noah band"
" Aaaaarghh ... aku jaluk data BOM'e,ora
RBT sing mau "
" Oh sorry, komandan "
* Ora let suwi
"Lapor , BOM wes dilokalisir, enek 4 kabel,
jaluk instruksi , ganti!"
" saiki kethok kabel werno ijo"
" SIAAAPPPP... ?"
"Piye Sersan,BOM'e wes mati???"
" Durung komandan !"
" Saiki gari kabel werno opo wae ?"
" Abang , Ireng , lan ijo"
" HAH ?! nopo sing ijo isih enek...mau kowe
ngethok kabel werno opo?"
"Ijo komandan"
" Opo ora salah ngethok kowe ?"
" sumpah...ciyuusss,mau aku ngethok
kabel werno ijo,mungkin komandan sing
salah!"
" MONYONG, wes salah,ngeyel !!!"
" Enelan komandan,ijone enel 2...1 ijo
godhong,1 meneh ijo langit"
"NGACO !!! Langit iku biru ora ijo "
" tapi ning ndeso ku wernane ijo
komandan"
" KOPLAK!!! Brarti sing mok kethok mau
sing werno ijo langit?"
" Iyo komandan, siap nompo instruksi "
" Dasar GOBL*K !!!"
* karo nggeleng-gelengke sirah *
Komandan nesu marang
ajudane sing ning markas
" Ngomong karo Personalia , sesuk yen
ameh ngrekut anggota anyar,takoni werno
langit ndesone opo"
Ora suwi krungu sworone Sersan sing
panik
" Kondisi darurat ! BOM ameh jebluk,
tulong instruksi "
" OK , tiruke omongan ku "
" SIAP NDAN "
"Assyhadualla"
" ASSYHADUALLA"
" illa.. ."
" ILLA.. ."
* sersan Sardot bingung *
" haillallah"
" HAILLALLAH"
" waassyhaduanna "
" WAASSYHADUANNA "
"muhammadarrosullullah"
"MUHAMMADARROSULLULLAH"
* Sardot tambah bingung..?!?!?*
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
DUUUAAARRRRR.... !!!
# Sardot kejet kejet kejeblukan BOM
mywth
mywth memberi reputasi
-1
2.4K
44
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
Jokes & Cartoon
Jokes & Cartoon
icon
52.8KThread5KAnggota
Terlama
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Ikuti KASKUS di
© 2023 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved.