patulaholicAvatar border
TS
patulaholic
Guyonan Jawa timuran (maaf klo pake bahasa daerah)
Sarno arep lungo nang omahe pakdene neng Suroboyo soko Solo, karo mbokne diterno nyegat bis....

Kenek : Suroboyo bu ??

mBokne Sarno : Pak.. Njaluk tulung, mengko yen wis tekan nJombang, dikandhani ya bocahe iki ..!! (Ngomong karo ngunggahno Sarno nang bis)

Kenek : nJombang..?? ... iyo...iyo... tariiiiiik !!!

# Neng tengah ndalan, si Sarno takon nang kenek bus : "wis tekan nJombang, lik ??"

Kenek : "durung !! Sik suwe le..."

# ga suwe,Sarno takon maneh: "wis tekan nJombang opo durung ??"
#Kenek : "durung lee !!.... Sik suwee ...!!"

#Sarno takon terus nang kenek, sampe kesel akhire keturon. Bis terus tancap gas nang arah Sby,,, ra kroso bis wis tekan Mojokerto. Si kenek bus lg eling. nJombang wes klewat

Kenek : (ngomong nang supir) aduh kang... kok aku kroso dosa nang bocah kui !! (Nduding Sarno sing lagi turu )

Supir : lah knopo toh?

Kenek : pas munggah bus mau diamanahi mbokne, yen wes tekan nJombang bocahe njaluk dikandhani !

Supir : waah lah piye sih kowe kui ?? nJombang rak wis klewat toh!! (Sopir bingung)
# untunge si sopir bis gelem mbalik nang nJombang, sakwise njaluk persetujuan penumpang2 liyane amargo mesakke ambek Sarno. Akhire bis tekan nJombang.... Si kenek nggugah Sarno
Kenek: le.... Le.... Tangi !! Wes tekan nJombang kii .... (Karo nggoyak2 Sarno)

(Sarno njenggirat) ".... Wis teko nJombang lik??? (Karo grusa grusu mbukak kantong, ngetokke sangune, sego lawuh iwak asin )

Kenek : arep mudhun kene le???

Sarno: "ora lik ... Kan aku arep nang Suroboyo, cuman mbokku pesen, mangan sangune nek wis tekan nJombang wae....!!" (Ngono karo muluk sego didulitke sambel).

Jare kenek + supir + para penumpang: "JAN WEDHUS TENANN !!!!! TIWAS MBALIK ADOH2 MUK AREP NGUNTAL SEGO KUCING ... TREMBELANE....!!
0
13.8K
212
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
Jokes & Cartoon
Jokes & Cartoon
icon
52.8KThread5KAnggota
Terlama
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Ikuti KASKUS di
© 2023 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved.