Fatty123Avatar border
TS
Fatty123
Belajar Bahasa Jawa - Perkentutan
1. Wong sing ORA JUJUR.
Wong sing nek ngentut terus nyalahke wong liyo.

2. Wong baik
Wong sing ngampet ngentut nganti jam-jaman.

3. Wong sing jembar WAWASAN-e
Wong sing ngerti kapan kudu ngentut.

4. Wong sing SENGSORO
Wong sing pengin banget ngentut ning ora iso ngentut.

5. Wong sing "MISTERIUS"
Wong sing nek ngentut, wong liyo ora ono sing ngerti.

6. Wong sing GUGUPAN
Wong sing ujug-ujug nyetop entute nek pas lagi
ngentut.

7. Wong sing PERCOYO awake dhewe (percaya diri)
Wong sing ngiro nek entute dhewe ambune wangi.

8. Wong KEJEM (sadis)
Wong sing nek ngentut nang amben terus ngibaske
seprei-ne nang ambene koncone.

9. Wong sing ISINAN
Wong sing nek ngentut ora muni ning terus rumongso
isin.

10.Wong sing STRATEGIS
Wong sing nylamurke entute kanthi ngguyu
cekakakan.

11.Wong sing BODHO.
Wong sing nek bar ngentut terus ngunjal ambegan
dienggo ngganti entute sing metu.

12.Wong CETHIL.
Wong sing nyadhangke entute (nek ngentut diencret
thithik-thithik).

13.Wong SOMBONG
Wong sing seneng ngambu entute dhewe.

14.Wong RAMAH
Wong sing seneng ngambu entute wong liyo.

15.Wong sing ORA SENENG SRAWUNG
Wong sing nek ngentut ndhelik.

16.Wong "AKUATIK" (iki boso jowone opo yo? tulung rek
terjemahno)
Wong sing senenge ngentut nang njero banyu ben-e
muni"blekuthuk-blekuthuk".

17.Wong sing ATLETIS
Wong sing nek ngentut karo ngeden.

18.Wong JUJUR
Wong sing ngakoni nek bar ngentut.

19.Wong PINTER
Wong sing niteni ambune entut tonggone.

20.Wong SIAL
Wong sing nek ngentut mesthi katutan AMPASE.
0
1.1K
5
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
Jokes & Cartoon
Jokes & CartoonKASKUS Official
52.8KThread5KAnggota
Terlama
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Ikuti KASKUS di
© 2023 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved.