yunusmujadidiAvatar border
TS
yunusmujadidi
PakDe Vs Robot Ngakak.... (JOWO)
CERPEN BOSO JOWO!

Rumah Makan masakan Indonesia di Jepang.
Pak De lungguh adep adepan karo BuDe..
Waiter'e robot.
... Robot teko nyedakki pak de, trus ngomong: "What is your nationality?” robot takon.
“Indonesia” jare PakDe.
“Selamat datang”, jare robot nganggo bahasa Indonesia.
“Apa bahasa suku Anda?”, robot takon meneh.
“Jawa”, jare PakDe
“Sugeng siang. Badé pesen nopo?” Jare robot nganggo boso jowo.
"Canggih yo bu", PakDee ngomong karo BuDe.
“ Ono lotek?”, ibune takon karo robot.
“Ono”
“Pesen rong porsi”
“Porsi gede opo cilik?
“Porsi gede”
“Lombok e piro ?”
“Sing siji loro, sing siji sepuluh”
“Nganggo kangkung?”
“Yo”
“Nganggo timun?”
“Yo”
“Nganggo kol?”
“Yo”
“Nganggo kol jowo opo kol asli jepang ?”
“Sing endi wae lah manut ”, PakDe wis rodo nesu.
“Kacange di uleg opo di blender ?”
“Kuarepmu !”
“Kacange setengah mateng opo mateng?”
“Goréng sing gariiiiiiing..!!”
“Nganggo bawang goreng rak ?”
“Nganggo..., *SU !” Pak de misuh banter banget.
“Dipiring opo dipincuk ?”
“Dipiring!!!”
“Lengone nganggo margarin opo minyak kelapa ?”
“Jelantah.... WEDHUS!! !” Nesu banget soale wis sepuluh menit dewe..
Robot meneng, lampune byar pet ketap ketip koyo'ane lagi loading.
Kiro-kiro telung menitan robot'é ngomong meneh :
“Maturnuwun. Pesenan tak tompo. Mung rak iso di sugohke”
“Nopo ? Aku wis ngenteni suwe banget, tanya-jawab karo kowe, kok
rak iso nopo to ndes?” jare PakDe emosi
“Soale durung ono *su'ne karo wedhus'e ………..”
“Jamput... Iso edian aku! Ayo bu lungo, rak usah nguntal neng kene ra pathe'en!!!" *cincing celono* *njejeg raine robot*

klo lucu emoticon-Rate 5 Star ato minta emoticon-Toast
jgn emoticon-Blue Guy Bata (L)
0
5.2K
153
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
Jokes & Cartoon
Jokes & CartoonKASKUS Official
52.8KThread5KAnggota
Terlama
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Ikuti KASKUS di
© 2023 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved.