Selamat pagi, siang , sore dan malam agan semua,.
maaf ne, ane cuma mau berbagi cerita, maaf kalo salah kamar,,
langsung saja ke intinya ya,,
ceritanya ngapak full, bagi yang belum tau,, tanya sama yang tau ajah,,
hehe
Spoiler for mekdi ala Banyumas:
Inyong :"halo mekdi,,"
Op :"ya, mau pesen apa mas?"
Inyong :"hmm,, pesen nasi goreng mas, ana ora?"
Op :"aduh, langka mas"
Inyong :"owh, langka ya wis"
---^
Inyong :"halo mekdi,,"
Op :"iya mas, piwe?"
Inyong :"nek pecel lele ana ora?"
Op :"ya jelas langka mas, piwe rika lah"
Inyong :"ya takon thok apa salaeh,, mbkan ana"
Op :"ngkene udu bakul pinggiran mas! Lengob!!"
----
Inyong :"halo mekdi,,"
Op :"apa maning? Ngob?"
Inyong :"mendoan karo meniran ana ora?"
Op :"rika aja ngledek yah!! Ngkene udu bakul emperan!! Ujar2e neng ndesa apa piwe, kye mekdi mas, mekdonal,,!! Ora dagang panganan ndesa kaya rika!!"
Inyong :"eizzztt,, kalem masbro, kalem,. Nyong kan mung takon , gari dijawab ana apa ora , kaya kue thok, aja emosi ndipit"
Op :"LANGKA,,!!"
Inyong :"owh, ya wis"
----
Inyong :"halo mekdi,,"
Op :"rika maning?? Arep pesen apa? Mendoan? Kupat? Tahu brontak? Apa runtuk pisang goreng??"
Inyong :"kalem masbro, kalem,, nyong pesen ayam karo berger,,"
Op :"owh, ya maap, maap, ujarku arep ngledek maning, arep pesen pirang porsi mas?"
Inyong :"se porsi bae mas, sing spesial tapi ya, masalaeh nyong lagi kencot banget, kepengin madang sing enak pokoke, kesuh si mas nyong tah, masa kawit esuk mung mangan kampel thok loro, ya ora wareg, lha mau sore bali ngarit terus mbukak krembeng mung gari cepon karo centhong thok, ana tempe se iris tek plok ya mung nyeliliti thok. Nengumah sing paling sibuk nyong thok si mas, kakang karo adi2ne pada nangumah bae tapi doyan mangan pisan, panganan se pira-piraha ya diplok kabeh,,,"
Op :"haloo mass,,"
Inyong :" ,,,,,ora kemutan liane, ujar-ujare nyong mangane suket ndean kaya wedhusku kae mburi. Mbok ya kudune kemutan yoh mas, nyong juga butuh mangan sega, seora-orane ya di ancengi ora ketang se centhong lah, masalah lawuh tah gampang, uyah apa karo kecap thok ya cukup, krupuk ya akeh kae neng warunge mbok sur. Enggane anu pada pada urip se umah nggane kaya anu neng pengungsian, sing keri ya ora keduman. Tapi kye mending mas, lha wingi nane,,,."
Op :"halo halo halo halowww,., arep pesen apa arep curhat kye??"
Inyong :",,,,agi tek tinggal maring kebon ator pring nggo gawe kandang wedhus, ujarku esuk2 nguja ngumpetna sega secething karo oseng kecambah setengah mangkok neng nduwur lemari, nggo agan nyore, eeh,,, mbarang awan tek tiliki malah wis langka, mung gari cethinge thok neng pedangan, wis medukruk neng bokor kumbahan grabah. Apa ora kesuh mas, nek kaya kue, wis tilalaih,,,,"
Op :"HALLOOO !! HALOOO!! HALOOWW,,,!!!"
Inyong :",,,,,cok ngumpetna nggo agan madang dewek malah, bosanu kewenangan bae, irunge mbuh pada mbuapa, kayane pada peka temen maring pangan sing ora katon ndean yo mas? Kaya tikus bae, di umpetna neng krembeng ngasi di tindihi ciri karo muthune be esih mayan teyeng dijukut, ora ketang ndadak ngkrikiti krembenge dsit ngasi bolong amba. Hahaha.. Eh., iya mas,, maap,, maap,, malah dadi curhat kye,, ngapurane,, itya halo mas,."
Op :"Ooo,, dalban,, dalban, pancen!! pesen piraha ora malah curhat,,!! Genaeh kye arep pesen pira??"
Inyong :"iya maap, maap mas leeeh,, keceplosan., pesen se porsi bae mas. Ayam ples segane, karo bergere siji"
Op :"oke siap,, kabean dadine 30 ewu, di kirim ngendi kye alamate?"
Inyong :"30 ewu?? Aduh ngko disit mas, tek nggolet duite disit, ketriwal ngendi kye mau yah, sakuan mau agi ngarit tek slempedna karo slepa, terus,, ngko disit mas tek emut emut disit. Karo slepa tek sog ngesak, trus mbarang adus tek.,,
Tuut,, tuut,, tuut,,
...canthelna neng mburi lawang kamar mandi,, terus,,. Ooo,, ya, aku kemutan mas.,. Haloo,. Haloo,,, haloo mas mekdi,, haloo,. Deneng mati?"
sekian,,
Diubah oleh inyongbaeee 14-11-2014 07:48
0
2.2K
Kutip
19
Balasan
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Mari bergabung, dapatkan informasi dan teman baru!
The Lounge
923KThread•83.2KAnggota
Terlama
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru